RSS

Untung Suropati

Jenenge wiwitan mung Untung. Dheweke sawijining batur tukon sing melu Bangsa Walanda. Amarga kuwanene, Untung pinercaya Walanda supaya numpes Surapati sing bentrok marang Walanda. Surapati kasil dipercaya, jenenge banjur sinengkekake Untung Surapati kanthi pangkat letnan.

Letnan Untung Surapati bali kakirim supaya numpes mungsuhe Walanda sing dijejungguli Pangeran Purbaya ing Banten. Untung Surapati budhal, nanging balik maneh banjur genti nggempur Walanda. Untung Surapati sing maune bala Walanda banjur dioyak dening Walanda.

Untung Surapati suwita ing Kraton Mataram. Pasuwitane ditampa becik. Nanging Walanda weruh papan singidane Untung Surapati. Walanda nggempur Mataram. Sing nandhingi Untung Surapati sabalane. Pasukane Walanda kasil tumpes, malah Kapten Tack sing dadi pimpinane Walanda tiwas.

Sawise perang, Untung Surapati ninggalake Mataram tumuju Pasuruan. Ing kene ngedekake keraton sing tlatahe meh kabeh tlatah Jawa Timur. Senajan mugn batur tukon, naging Untung Surapati kasil dadi Raja Pasuruan.

Sawetara ontran-ontran ing Kartasura dumadi perang sedulur. Pangeran Puger sing dadi balane Walanda kasil ngrebut panguwasane. Sunan Mas sing dadi panguwasane direbut Pangeran Puger lan Walanda mlayu menyang Pasuruan.

Walanda lan Pangeran Puger banjur nggempur Jawa Timur. Kawiwitan saka Kediri lan Bangil sing dadi bentenge Untung Surapati. Perang ing Bangil, Untung Surapati tatu abot. Denign prajurit andhahane digawa mlayu. Durung nganti tekan Pasuruan wis tinggal donya. Nalika kuwi kecathet taun 1706. Perjuangane dibacutake dening putra putrine Untung Surapati nganti benteng pungkasan ing Blambangan.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS