RSS

Kancil lan Baya

Kancil rumangsa wis ora tentrem. Ing alas kono dadi buron kewan-kewan liyane. Wis akeh kewan sing diapusi. Ula, gajag, lan macan kebeh wis tau diapusi. Kabeh kancane diakon mateni yen ketemu Kancil. Mulaye Kancil tansah mlayu saparan-paran. Playune kandheg bareng kepalang bengawan gedhe. Saking wis kesel tur ngelak, dheweke banjur ngombe ing pinggir ndalan.

Haup! Haup! Kancil ngombe banyu.

“Ha! Iki panganan empuk!” dumadakan saka njero banyu bengawan mecungul Baya. Cangkeme Baya mangap. Untune lincip-lincip. Siaga ngemah-ngemah Kancil.

Kancil kaget. Mundur sajangkah. “He, Baya kancaku!”

“Aku ora butuh kanca. Aku butuh panganan,” kandhane ora percaya sinambi nyedhaki kancil.

“Aja kesusu! Sabat dhisik! Kancil ngandhani. “Aku kanchamu sing bakal nuduhi panganan.”

“Panganan apa?” pitakone Baya kesengsem.

“Mangertia, ing cedhak padesan kana mentas kedadean kebo berik ing pinggir bengawan ini. Salah sijine disudhang nganti mati banjur kejegur ing bengawan ini, banjur keli. Saking iline bengawan alon, mula tekane rada suwe. Entenana sedhela maneh bakal teka kene. Ben aja tukaran kudhu didum sakancamu. Kancamu ana pira?”

“Aku ora ngetung.”

“Sadurunge kebone keli teka kene, undangen kancamu kabeh. Kongkonen jejer-jejer saka pinggir kene nganti teka pinggir sabrang. Mengko sing ngitung aku.”

Baya manut Kancil. Kanchane diundhang kabeh. Kabeh padha bersi jejer-jejer. Kancil sing miwiti ngetung. Siji, loro, telu, papat,....... Bareng teko pinggri sabrang bengawan Kancil mlumpat menyang dharatan.

“Matur suwun aku kogaweake kreteg,” kandhane Kancil. “Entenana nganti kebone teka kono!” Kancil mandheg sedhela banjur mlayu adoh mlebu alas.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS