RSS

Raden Antasena Takon Bapa

Raden Antasena lagi jejagongan karo ibune sing aran Dewi Urang Ayu. Raden Antasena rumangsa wis gedhe, nanging durung tau weruh bapake. Mulane Raden Antasena kepingin kepethuk bapake.

Dewi Urang Ayu blaka menawa bapake Raden Antasena kuwi satriya pandhawa. Arane Raden Werkudara ya Raden Bimasena. Raden Antasena sing dicritakake ora bisa basa krama, duwe watak kaku. Sakabehing kekarepane ora kena disadoni. Wis dikandhani yen nggoleki Raden Werkudara kuwi ora gampang. Ewasemana, Raden Antasena meksa budhal. Sakabehing masalah sign bakal ditemoni bakal diprantasi.

Raden Antasena njedhul saka samodra, ora nemoni wong babar pisan. Tumuju pesisir sing isih wujud alas bebondhotan uga ora nemoni janma manungsa. Raden Antasena dadi bingung. Dumadhakan ing tengah samodra ana barang kampul-kampul katut palyune angin. Raden Antasena ambyur ign samodra, barang kuwi dioyak. Sansaya cedhak jebul wujud prau cilik sing rinengga edi peni. Enggal wae prau diprepepgi.

Saiba kagete Raden Antasena ing jero prau jebul ana wong wadon sing gumlethak tanpa obah. Wong wadhon menganggo warwa gumebyar kaya turu. Raden Antasena nyoba ngudhang wong wadhon kuwi, nanging ora gelem tangi. Wong wadon kuwi nyoba dihoyok-hoyok karep ben tangi, nanging panggah gumlethak ora obah. Prau banjur diseret menyang pesisir.

Raden Antasena lagi ngerti yen wong wadhon kuwi wes mati. Jalaran kepingin bisa kepethuk pawongan sing kena ditakoni, Raden Antasena banjur nyenyuwun marang jawata supaya wong wadhon kuwi diuripi. Panyuwune dikabulake, wong wadhon kuwi bali urip. Raden Antasena banjur takon. Wong wadon kuwi jebul Dewi Wara Sembadra garwane Raden Janaka. Raden Janaka kuwi adhine Raden Werkudhara. Raden Antasena seneng banget. Dheweke bakal bisa ketemu bapake.

Durung nganti suwe, dumadakan Raden Antasena sirahe krasa sinamber bledheg. Saka angkasa Raden Gathutkaca sing diutus ngawat-ngawati Dewi Wara Sembadra nyamber sirahe Raden Antasena. Raden Antasena nesu. Kekarone banjur preng rame, nanging ora ana sing menang lan ora ana sing kalah. Punkasane dipisah Dewi Wara Sembadra, dikandhani yen kekarone kuwi isih sedulur. Kebeh putrane Raden Werkudara.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS