RSS

Cilaka

Kancil enak-enak mangan suket ledhug-ledhung. Sinambi rengeng-rengeng, dheweke ngrungokake ocehing manuk lan wit-witan. Dina kuwi Kancil rumangsa wis isa uwal saka Baya. Kewan-kewan galak padha adoh saka papan kono. Urip ing alas kuwi pokok bisa maeka kewan sing arep mangsa dheweke, mesthi bakal slamet, ngono pikire Kancil. Lagi wae enak-enak mangan dumadhakan keprungu lamat-lamat swara jaluk tulung.

“Tulung! Tulungana akuu!” bengok saka kadohan.

Sakala Kancil nelingake tekane swara. Kancil wis tepung, kuwi jelas swarane kebo. Kanthi mlaku rikat, dheweke tumuju ing tekane arah swara.

Kancil teka pinggir jurang kali. Ing pinggir kali rada mangisor katon kebo bengok-bengok jaluk tulung. Kancil enggal-enggal mlayu goleki. Jebul Kebo kelaran. Gigire kebo ana baya sing nemplek ora gelem uwal. Cangkeme baya nyakot gigire kebo.

“Baya! Baya! Mudhuna! Aja nglarani Kebo!” prentahe Akncil sansaya cedhak.

Ewa semono Baya ora gelem nguwali cangkeme ing gigire Kebo. Kebo sansaya bengok-bengok kelaran.

“Mengko dhisik. Yen kowe pancen luwe, bener pakanamu Kebo. Daginge Kebo kandel tur mareki,” kandhane Kancil mbenerake timdake Baya. “Saiki aku kepingin larah-larahane kokk bisa Kebo arep kok pangan kaya ngene.”

“Cil, sing salah Baya. Dheweke wis tak tulung maah mbrakot geger,” kandhane Kebo sinambi gereng-gereng.

“Salah utawa luput aku durung bisa mutusake. Ayo saiki diwiwiti larah-larahe. Baya mudhun saka gigir kebo!” preantahe Kancil.

Baya mudhun saka gigire Kebo.

“Ngene Cil, Baya kuwi kewan sing lumuh. Senenge mung meneng, nganti kebrukan wit gedhe kae ora mlayu,” critane Kebo.

“Ya saiki coba kahanane Baya kebrukan wit dibalekake, mengko kepriye carane olehmu nulung!” prentahe Kancil. “Saiki Baya manggon papane mau!”

Baya gelem mapana panggonane. Kebo banjur nyundhang kayu gedhe sing dhek mau gebruki Baya. Nalika Baya bali dibruki wit gedhe mbengok, sambat kelaran.

“Wis Cil, wiwitane kaya ngene iki,” kandhane Kebo. “Saiki kepriye?”

“Saiki ayo lunga saka kene!” Kancil ngajak Kebo.

“Lho Cil.....?” Kebo isih bingung.

“Ya wis ben, Baya sing ora ngerti ditulung ben mati kebrukan uwit. Jenenge ora bisa mbales bebuden becik,” pangajake Kancil.

Kebo matur suwun banget marang Kancil sing nulungi dheweke. Dene Baya sing cilaka bengok-bengok njaluk tulung, jalaran awake kebrukan wit gedhe. Baya ora bisa ngaleh.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS