RSS

Dumadhine Banyuwangi

Raden Banterang putra Raja Blambangan senengane mbebedag ing alas. Mulane saben-saben budhal mbebedhag ing alas kanhti ngajag prajurit kang duwe kaluwihan. Kaya wektu kuwi Raden Banterang lagi ngincer sawijining Kidang. Gandhewane pinenthang, diarahake menyang kidhang sing lagi nyrenggut suket. Durung nganti jemparing diculake kidang wis malyu adoh. Raden Banterang ngoyak playune kidang.

Kaya adat saben yen Raden Banterang ngoyak kidang, prajurit lan abdi sing ngetutake ora wani ganggu gawe. Raden Banterang sing ngoyak kidang sansaya adoh ninggalake rombongane. Sansaya mlebu alas, nanging kidang isih durung bisa dijemparing. Wusanane Raden Banterang kesel. Dheweke leren ing pinggir kali sing bening banyune. Ngombe banyu sawarege banjur lungguh ing sangisore wit.

Nalika ing sepining alas, ndadak Raden Banterang keprungu wong sing lagi nangis. Raden Banterang nggoleki. Jebul sawijining wanita sing ayu banget. Wanita kuwi ditakoni denign Raden Banterang. Kena apa nganti temaka ana tengah alas. Wanita kuwi ngaku yen jenenge Surati saja Krajaan Klungkung. Dene nganti keraya-raya teka ana alas jalaran kerajaane diserbu mungsuh. Bapa lan Ibune kabeh padha seda ing perang, mulane dheweke luwih becik mlayu.

Raden Banterang welas banget. Wanita kuwi banjur diajak bali menyang Blambangan. Malah Surati diangkat dadi Garwane. Raja Blambangan uga sarujuk yen Raden Banterang duwe garwa Surati.

Sanajan wis duwe sisishan, nanging Raden Banterang isih seneng mbebedhag menyang alas. Kasenengan kuwi ora bisa dilalekake babar pisan.

Nalika Raden Banterang mbebedag, Surati kedhayohan sawijining priya. Priya kuwi aran Rupaksa. Rupaksa nyatane kangmase Surati sign sengaja pengen ketemu. Bareng wis kepethuk, Surati dikandhani manawa Raden Banterang kuwi sejatine sawijining mungsuh. Raden Banterang sing mateni Rama lan Ibune ing Klungkung. Mulane Rupaksa ngajak supaya Surati genti mateni Raden Banterang. Surati ora gelem, jalaran wis ditulung saka tengah alas. Rupaksa nglenggana, pancen wis sisihane. Kanggo pemut. Rupaksa ninggali iket saka Klungkung.

Raden Banterang nesu banget weruh iket saka Klungkung. Surati diarani yen wis laku sedheng utawa nyimpen priya liya. Surati puguh yen dheweke ora nindhaake apa-apa. Iket kuwi pawewehe kangmase aran Rupaksa. Raden Banterang panggah ora percaya.

Kanggo mbuktekake Surati bakal bunuh diri ing sawijining kali. Yeng mengo banyune wangi tegese luput. Yen ambune badheg, tegese Surati pancen tumindhak ala. Bareng nglalu kanhti suduk diri, banyu kali jebule wangi. Raden Banterang getun. Kanggo pepenget papan kuwi banjur dijenengi Banyuwangi.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS