RSS

Bulus Sing Ora PatuhBulus Sing Ora Patuh

Dhek biyen ing sawijining tlaga kewan padha urip rukun. Bulus urip seneng ing tengah tlaga. Ing tlaga akeh panganan uga duwe kanca akeh. Kancane bulus ora mung kewan ing tlaga, nanging uga kekancan karo Bango sing padha saban saka tlaga.

Dumadakan taun kuwi mangsa ketigane dawa banget udan. Ora teka-teka. Banyu tlaga sing maune jeru dadi sansaya cethek. Bulus susah banget. Yen nganti banyune tlaga asat, asu ajag bakal saba ing tlaga. Bulus bakal ora duwe papan kanggo singidan. Kewan liyane uga padha susah, nasibe bakal mati merga banyu tlaga sansaya asat.

“Bango, aku mbok ditulungi golek papan sing aman,” ngono sambate Bulus nalika Bango padha teka ing tlaga.

“Papan sing aman sing kepriye sing mok goleki?” pitakone Bango.

“Ya, papan sing banyune akeh kena kanggo ndelik. Yen aku panggah ana kene, aku mesthi dimangsa asu ajag. Jalaran aku ora bisa singidan.”

“O, yen ngono aku weruh kali sing gedhe banyune, nanging adoh saka kene,” kandhane Bango sing ngrubung bulus. “Kowe mranaa mesthi urip kepenak.”

“Wah, yen aku mlaku liwat tengah alas malah ditubruk asu ajag.”

“Lha kepriye carane olehku nulung?” Bango bingung.

“Aku duwe akal,” Bango sing mawa jambul mlaku maju.

“Kepriye?” pitakone Bulus.

“Kowe mengko nyakota pang kayu, pucuke kayu dakcokot kiwa tengen. Aku banjur mabur bebarengan,” kandhane Bango.

“Wah, yen ngono aku setuju,” Bulus seneng banget.

Bulus banjur golek pang kayu sing garing. Banjur dicakot rosa karo Bulus, banjur dipasrahake marang Bango sing ngiberake dheweke.

“Bulus, dakkandhani ya,” Bango tuwa nyedhak Bulus. “Yen kowe kelakon mabur, aja nanggapi sapa wae alok kowe. Yen kowe nganti nanggapi, kowe bakal cilaka.”

“Wah iya, pituturmu bakal dakpatuhi,” wangsulane Bulus.

Bulus sida nyakot pang kayu. Bangu loro nyokot pucuk kiwa tengen. Bango banjur mabur. Bulus katon gemandhul ing awang-awang. Olehe mabur liwat ing tengah-tengah alas papane asu ajag padha mlumpuk. Asu ajag weruh Bango ngiberake bulus banjur padha bengok-bengok.

“Lho, kok ana watu bisa mibur ya!” bengoke Asu ajag.

“Lho, kae dudu watu, kae genah tlethong Kebo ngono,” Asu ajag liyane semambung.

“Dudu, kae tlethong Gajah........”

Bulus sing krungu aloke Asu ajag rumangsa diina. Dheweke dipadhaake tlethong. Atine Bulus mangkel banget. Dheweke pengen males ngelok-ngelokake Asu ajag. Bulus lali yen lagi nyokot pang kayu. Selak kepingin males ngelokake, olehe nyakot ucul. Bulus kumleyang saka dhuwur, banjur ceblok ing ngarepe Asu ajag. Sanalika Bulus kanggo rayahan Asu ajag.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS