Jaman sing kita uripi iki wis kabilut dénéng rasionalisme pamikiran adhedhasar nalar lan analisa, saéngga kita bakal kaya wong ngécé menawa krungu ana wong sing kandha menawa dhéwéké bisa ngrungokaké swarané Gusti Allah. Nanging, kita ora mangkono amarga sakpérangan alesan. Sing kapisan, akéh wong-wong ing Kitab Suci sing uga mirengaké swarané Gusti Allah. Uga, ana wong-wong sing kondhang lan sing uripé becik ing jaman iki sing nyethakaké menawa dhéwéké mirengake pangandikané Gusti Allah. Lan wekasané, ana karep ing ati kita supaya bisa sesambungan karo Gusti Allah, lan mirengaké Panjenengané ngendika ana ing ati kita.
Minangka wong-wong Kristen sing dilairaké manéh, lan pracaya marang Kitab Suci, aku nggegilut suwe banget tanpa kasil nganti pirang-pirang taun kanggo ngrungokaké pangandikané Gusti Allah. Aku ndedonga, puasa, sinau Kitab Suci lan ngrungokaké swaranéng batinku, nanging tanpa kasih. Ora ana swara batin sing bisa dak rungokaké! Banjur, Gusti Allah mligikaké aku setaun supaya bisa sinau, maca, lan ngalami ngenani mirengaké swarané Panjenengané. Nalika iku, Gusti mulangaké marang aku papat kunci kanggo mbukak lawangéng donga kang raket sesambungan. Aku nemokaké menawa kunci iku ora amung kanggo aku, nanging uga kanggo akéh banget wong-wong sing wis dak kandhani ngenani kunci mau, ndadékaké wong-wong iku mlebu ana ing sesambungan ana ing raket banget ana ing pengalaman kekristenané lan ngowahi cara uripé dadi urip sing anyar. Iki bakal kelakon ana gesang panjenengan uga menawa panjenengan ngudi Gusti Allah, nganggo papat kunci iki. Kabéh kunci iku ditemokaké ana ing Habakuk 2:1,2. Aku ngajak panjenengan maos banagan iki sakdurungé nerusaké pasinaon.
Kunci #1 – Pangandikané Gusti Allah ing ati kita kaya alirané pamikiran kang spontan. Dadi, nalika aku sesambungan karo Gusi Allah, aku sesambungan karo pamikiran spontan.
Kitab Suci ngendika menawa Pangéran paring wangsulan mengkéné ...(Hab 2:2). Habakuk mangerténi pangandikané Gusti Allah. Elia kandha menawa swara iku tenang, kaya angin tumlisik (I Para Raja 19:12). Aku tansah ngrungokaké swara batin kang cetha, lan pancen Gusti Allah bisa lan kersa ngendika kanthi cara mangkono. Nanging, aku nemokaké menawa sering uga, lan kanggo akéh wong, swara batin saka Gusti Allah iku saka pamikiran spontan, penglihatan, impén, utawa kesan. Tuladhané, panjenengan rak naté ngalami nalika lagi nyetir ana ing dalan banjur ana pamikiran ing éngetan kita supaya kita ndedonga kanggo sakwijinéng pawongan, ta? Kita biasané langsung nganggep menawa iku pangandikané Gusti Allah kang nimbali kita supaya ndedonga kanggo wong iku. Pitakonanku iki, “Kaya ngapa pangandikané Gusti Allah marang panjenengan nalika panjenengan lagi nyetir iku? Apa swara iku arupa swara batin kang cetha, utawa iku amung pamikiran spontan kang tumeka ana ing pikiran panjenengan?” Akéh ing antarané panjenengan sing bakal ngendika menawa pangandikané Gusti Allah tumeka ana ing panjenengan arupa pamikiran spontan.